Kamis, 08 Maret 2012

Waras VS EDan


+ Pendidikanmu opo? 
- Hukum Pak. 
+ wah ora bisa ditompo ning kene. 
- Alasanipun Pak? 
+ Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja. 
- tapi kulo mantan diplomat lho Pak. 
+ Tambah ora ketompo? 
- Lho kok ngaten pak? 
+ Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae...... 
·        Kowe nduwe omah opo ora? 
- Dereng..... 
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene. 
- Lho kok ngaten? 
+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan. 
- Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. 
+ Yo malah ora ketompo. 
- Lho kok ngaten? 
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae. 

+ Kowe nduwe motor opo ora? 
- Mboten. 
+ Ora ketompo. 
- Lho kok mboten ketompo? 
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. 
- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki. 
+ Wah malah ra ketompo.... 
- Lho kok ngoten? 
+ Tempat parkire wis ra cukup.. 

+ Kowe wis lulus sarjana tenan? 
- Sampun Pak.... 
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah. 
- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi. 
+ Malah ora ketompo...... . 
- Lho kados pundi to? 
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo. 

+ Kowe seneng guyon opo ora? 
- Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe. 
+ Ra ketompo...... 
- Waa... Kok ngoten? 
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress. 
- Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon. 
+ Malah ora ketompo. 
- Lho kok...... 
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu. 

+ Kowe mau mrene numpak opo? 
- Nitih mobil. 
+ Kowe ora ketompo. 
- Sebabipun? 
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus. 
- Woo, kulo wau namung mbonceng, kok. 
+ Tambah ora ketompo. 
- Lho, lha kok? 
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi! 

+ Anakmu akeh opo sithik? 
- Kathah, Pak. 
+ Kowe ora ketompo. 
- Sebabipun? 
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus. 
- Lha wong namung anak adopsi, kok. 
+ Tambah ora ketompo. 
- Lho, lha kok? 
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe. 

+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung? 
- Dereng. 
+ Kowe ora ketompo. 
- Sebabipun? 
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane? 
- Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok. 
+ Tambah ora ketompo. 
- Lho, lha kok? 
+ Kowe rak mung arep keminter, to? 

+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung? 
- Dereng. 
+ Kowe ora ketompo. 
- Sebabipun? 
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore? 
- Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok... 
+ Tambah ora ketompo. 
- Lho, lha kok? 
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to? 

+ Kowe kerep loro? 
- Mboten. 
+ Kowe ora ketompo.. 
- Sebabipun? 
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering. 
- Wah, sakjanipun nggih asring. 
+ Tambah ora ketompo. 
- Lho, lha kok? 
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren. 

+ Kowe biso main internet? 
- mBoten. 
+ Kowe ora ketompo. 
- Sebabipun? 
+ Perusahaan ora nompo sing buta internet. 
- Wah, sakjanipun nggih saged. 
+ Tambah ora ketompo. 
- Lho, lha kok? 
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to??? 

+ Kowe waras opo ora? 
- Lha, kulo nggih waras to Pak. 
+ Ra ketompo. 
- Kenging nopo? 
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene. 
- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan. 
+ Malah ra ketompo. 
- Pripun to niki? 
+ Mengko aku duwe saingan. 
- WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!

        Ket...
+ : org edan
        - : org waras

Tidak ada komentar:

Posting Komentar